banner 728x250
Daerah  

Globalindo Blak-blakan: Penangkapan Oknum Wartawan Iki Dudu Kriminalisasi Pers

Mojokerto  – Ramene omongan soal penangkapan oknum sing ngaku wartawan inisial Amir karo Unit Resmob Polres Mojokerto saiki dadi perhatian akeh wong. Nang tengah rame iki, ono sing langsung nganggep iki kriminalisasi pers, padahal durung mesti ngono.

Pendiri Media Group Globalindo, Teguh Puji Wahono, S.Psi., S.H., M.H., ngandani nek masyarakat ojo kesusu nggawe kesimpulan. Kabeh kudu didelok nganggo pikiran sing adem.

“Awak dewe kudu iso mbedakno antarane profesi wartawan karo tumindak pribadine wong. Nek aparat tumindak adhedhasar laporan lan prosedur hukum, kuwi jenenge penegakan hukum, dudu kriminalisasi pers,” tegasé.

Menurut Teguh, nang negara iki ora ono sing kebal hukum. Senajan nganggo jeneng wartawan, nek ono dugaan pelanggaran yo tetep kudu diproses.

Kebebasan pers pancen dijamin undang-undang, nanging kuwi kanggo kerja jurnalistik sing bener, dudu kanggo nutupi tumindak sing salah.

Nek nganti ono dugaan pemerasan, kuwi iso kena Pasal 368 KUHP, ancamane nganti 9 taun penjara. Yen ono sing melu, yo iso keseret Pasal 55 KUHP.

“Ojo sampek profesi wartawan digawe tameng kanggo tumindak sing nglanggar hukum. Nek kuwi kelakon, sing rusak ora mung wongé, nanging yo jeneng apik profesi pers,” ujare.

Teguh yo ndhukung langkah Polres Mojokerto sing wis nangani laporan masyarakat.

“Nek ono wong kroso dirugikno lan lapor, aparat kudu proses. Kuwi wis dadi kewajiban, dudu sak karepe dewe,” jelasé.

Dheweke ngélingno, ojo gampang keseret omongan sing durung jelas. Enteni proses hukum mlaku ben kabeh cetho.

“Kudu tegas, nek ono oknum wartawan sing nyalahgunakno profesine kanggo nekan utawa meres wong liya, kuwi ora ono hubungane karo kebebasan pers,” tegasé maneh.

Minangka penutup, Teguh ngajak kabeh wartawan supaya tetep njaga integritas lan ora nyalahgunakno profesi.

“Hukum kudu dadi panglima. Kebenaran kuwi dudu saka opini, nanging saka fakta lan proses hukum sing objektif,” pungkasé.

Saiki masyarakat lagi ngenteni kepiye hasil proses hukum iki, muga-muga kabeh fakta iso kebukak kanthi terang.

 

Mlaku-mlaku nang Jagir,

mampir sek tuku kemanggi.

Wartawan kuwi nggoleki kabar sing bener,

dudu gawe tekanan kanggo kepentingan pribadi. 👍

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *