banner 728x250
Daerah  

Halal Bihalal Globalindo neng Sidoarjo: Guyub Rukun, Wartawan Kudu Tetep Profesional

Sidoarjo — Suasana anget kebak guyub rukun keroso banget neng acara Halal Bihalal Keluarga Gedhe Media Group Globalindo sing digelar neng Resto Qen-di, kawasan Taman Pinang Indah, Sidoarjo, Setu (28/3/2026). Acara iki pas bareng momen Hari Raya Idulfitri 1 Syawal 1447 Hijriah, dadi ajang silaturahmi lan nguatke kebersamaan antar wartawan.

Sing teko ora sembarangan, ono Pendiri Media Group Globalindo, Teguh Puji Wahono, S.Psi., S.H., M.H., bareng Dewan Penasehat Dr. Zaibi Susanto, S.H., M.H. Ugo teko Pimpinan Redaksi Hendra Setiawan, S.H., Dodik Firmansyah, S.H., Wakil Pimred Cendra Hera Lesta, S.H., Iswahyudi, lan Sri Setya Pratiwi sing makili Kabiro Malang. Perwakilan Kabiro soko Bojonegoro, Sidoarjo, Pasuruan, nganti kabeh keluarga gedhe Globalindo yo melu ngramekno.

Acara iki dudu mung saling maaf-maafan tok, tapi yo dadi momen penting gawe nguatke sinergi lan kerjasama, apik neng internal Globalindo dewe, nganti karo instansi pemerintahan soko tingkat kabupaten tekan desa.

Neng sambutane, Dr. Zaibi Susanto nekanake penting’e wartawan kudu tetep manut aturan jurnalistik lan kode etik. Dhe’e ngomong nek wartawan kuwi kudu aktif nulis berita sing fakta, ojo mung nyandang gelar tok.

“Wartawan kuwi kudu terus nulis berita sesuai fakta neng lapangan, terus dikirim neng redaksi gawe dipublikasikno. Ojo sampek wes dadi wartawan tapi gak jalan tugas’e,” ujare.

Sementara kuwi, Teguh Puji Wahono yo ngelingno kabeh anggota Globalindo ojo sampek nyalahgunakno jeneng gedhe organisasi.

“Ojo sampek atribut Globalindo digawe seng ora-ora. Nek aku ngerti ono sing nglanggar, tak kasih sanksi tegas soko Media Group Globalindo,” tegas’e.

Liwat acara Halal Bihalal iki, dikarepno kabeh anggota Media Group Globalindo iso tambah kompak, njunjung etika jurnalistik, lan iso nggawa organisasi dadi luwih maju lan dipercaya masyarakat.

Mlaku sore nang Taman Pinang,

Angin semilir nggowo tentreming ati.

Globalindo tambah guyub lan padhang,

Wartawane jujur, profesional nganti tekan mati.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *