sakti.i-news.site – TUBAN galian kecamatan Grabagan, Tuban, dadi rasan-rasane wong akeh. Kabare, tambang iki pancet ae ngeruk bumi masio gak duwe izin resmi. Wong-wong maleh takon, “Iki karepe piye? Kok gak dibubarno karo sing berwajib?”
Jare warga sekitar, tambang iku mlaku anteng-anteng ae koyok gak ono masalah. Padahal efekne ngeri: dalan rusak kabeh, bleduge nggarai sesek, karo nggarai bahaya gawe wong lewat.
“Wes suwe mas bukake, tapi lek ditakonono izin yo gak weruh. Sing jelas kene iki mung oleh ampas e, dalan rusak karo bledug,” jare salah siji warga sing emoh disebut jenenge.
Gak mung masalah izin pertambangan, ono kabar maneh lek alat berate nggae solar subsidi. Iki lek bener yo nemen, soale solar subsidi iku jatah rakyat cilik, duduk gawe pengusaha tambang.
Aturane Wes Jelas (Ojo Sembarangan!)
Lek ndelok aturan, kudune sing duwe tambang iki kenek pasal berlapis:
UU Minerba No. 3 Tahun 2020: Sopo ae sing nambang gak duwe izin iso dikurung paling suwe 5 tahun lan dendo paling akeh Rp100 miliar.
UU Lingkungan Hidup No. 32 Tahun 2009: Lek nggarai alam rusak lan gak duwe izin lingkungan, isok dipenjara 3 tahun plus dendo Rp3 miliar.
UU Migas (BBM Subsidi): Sing nyalahgunakno solar subsidi iso kenek 6 tahun penjara lan dendo Rp60 miliar.
Aparate Piye?
Iki sing dadi tanda tanya gede. Masio beritane wes moncer nang endi-endi, kok durung ono tindakan sing nyoto nduk lapangan.

Pas wartawan nyobo takon nang Polres Tuban ambek Polda Jatim, kabeh podo meneng, durung ono jawaban resmi. Goro-goro kabeh podo mingkem, warga dadi mikir sing ora-ora—opo sengojo dijarno utowo ono “main” mboh gak weruh. Tapi kabeh iki pancen jek butuh dibuktekno maneh.
Karepe Wong-Wong
Warga Grabagan njaluk aparat ndang sat-set masang bates utawa mriksa tambang iku. Kudu transparan, ojo ono sing ditutupi. Karepe warga yo simpel: aturane dilakoni, lingkungane gak rusak, lan ojo sampek rakyat cilik sing dadi korban mergo pengusaha sing karepe dewe.
saiki kabeh jek ngenteni, wani gak aparat nertipno tambang iku? Opo malah pancet ae “adem ayem”?
(ari)






